Tayangan halaman minggu lalu

Kamis, 08 Maret 2012

wus

Sajake kita wus lali apa tegese prasetya tuhu
Kang lathi tumus ing atimu
Jare abang jebul biru jare lanang jebul wandu

        Sajake kita wus lali apa tegese ilmu
        Kang di ajarake bapa lan ibu guru
        Loro dikurangi siji lakhok wolu
Wolu ditambah loro lakhok telu
        Amergo nganggo kalkulator pitu

Sajake kita lali apa tegese iman
Kang dadi pedoman ing kautaman
Nyatane kita seneng kekancan setan
Nyatane arume melati ing taman
Luwih arum tinimbang arume menyan 
(by. Nur Rohmat H, Januari 2oo2)